SYI'IR TANPO WATHON
Ngawiti ingsun ngalar syi'iran
Kelawan muji maring pengeran
Kang paring rohmat lan kenikmatan
Rino wengine tanpo pritungan
Duh bolo konco priyo wanito
Ojo mung ngaji syareat bloko
Gur pinter ndongeng nulis lan moco
Tembe mburine bakal sangsoro
Akeh kang apal qur'an hadise
Seneng ngafirke marang liyane
Kafire dewe dak di gatek'ke
Yen isih kotor ati akale
Gampang kabujuk nafsu angkoro
Ing pepaes'e gebyare ndunyo
Iri lan meri sugihe tonggo
Mulo atine peteng lan nestho
Ayo sedulur jo nglale ake
Wajibe ngaji sak pranatane
Tur ngandel ake iman tauhite
Baguse sangu mulyo matine
Kang aran sholeh bagus atine
Kerono mapan sari ngelmune
Laku toreqot lan ma'rifate
Ugo hakekot manjing rasane
Al-qur'an qodim wahyu minulyo
Tanpo tinulis biso di woco
Iku wejangan guru waskitho
Den tancep ake ing jero dho-dho
Kumanthil ati lan pikiran
Mrasuk ing badan kabeh jerowan
Mukjizat rosul dadi pedhoman
Minongko dalan manjinge iman
Kelawan allah kang moho suci
Kudu rangkulan rino lan wengi
Di tirakati di riyadho'i
Dzikir lan suluk jo nganti lali
Uripe ayem rumongso aman
Dununge roso tondo yen iman
Sabar narimo najan pas-pasan
Kabeh tinakdir saking pengeran
Kelawan konco dulur lan tonggo
Kang podho rukun ojo mbok sio
Iku sunahe rosul kang mulyo
Nabi Muhammad panutan kitho
Ayo nglakoni sekabehane
Allah kang bakal ngangkat drajate
Senajan asor toto dhohire
Ananging mulyo makom drajate
Laur palastro ing pungkasane
Ora kesasar roh lan sukmane
Den gadang allah suargo manggone
Uduh mayite ugo ulese.
0 comments:
Post a Comment